JV

Alat privasi sampeyan

Ing TikTok, kita ngerti yen kreativitas lan ekspresi iku sipate personal, semana uga karo privasi. Mulane kita nguwatake komunitas kita nganggo maneka kontrol kanggo ngatur kahanan online dheweke lan nemtokake pangalaman TikTok sing pas kanggo dheweke.

Kita nawakake maneka alat privasi sing marakake wong-wong bisa milih sapa sing bisa ndeleng konten sing dheweke gawe lan bage, uga sapa sing bisa interaksi karo dheweke.

Akun publik dibandhingake karo akun pribadi

Ing TikTok, sampeyan bisa milih arep nduweni akun pribadi utawa akun publik.

Akun publik

Gumantung setelan privasi sing sampeyan pilih, postingan sampeyan bisa dideleng sapa wae ing njero utawa njaba platform lan bisa dibage dening sapa wae ing njero utawa njaba TikTok, duwe akun TikTok utawa ora. Sapa wae bisa:

  • Ngetutake sampeyan
  • Nonton video publik utawa video LIVE sampeyan
  • Ndeleng dhaftar fan lan wong sing ngetutake sampeyan

Gumantung setelan privasi sampeyan, wong liya uga bisa nggawe Duet, Jait, lan ngundhuh video sampeyan.

Akun Pribadi

Yen sampeyan duwe akun pribadhi, sampeyan nyetujoni wong sing sampeyan idini:

  • Ngetutake sampeyan
  • Nonton video utawa video LIVE sampeyan
  • Ndeleng dhaftar fan lan wong sing ngetutake sampeyan

Wong liya ora bakal bisa nggawe Duet, Jait, utawa ngundhuh video sampeyan.

Setelan visibilitas

Setelan visibilitas sampeyan mbantu nindakake carane konten sampeyan dideleng ing TikTok. Kita nyedhiyakake alat sing nyebabake sampeyan bisa ngontrol sapa sing bisa ndeleng postingan sampeyan lan milih audiens kanggo saben postingan. Sampeyan bisa milih nggawe postingan sumadhiya kanggo kabeh wong, matesi postingan kanggo kanca utawa fan, utawa nggawe postingan dadi pribadi. Sampeyan bisa ngatur setelan sampeyan liya wektu yen sampeyan ngowahi pamikiran.

Setelan komentar

Sampeyan bisa milih ngidini wong supaya bisa komentar ing postingan sampeyan minangka cara interaksi lan mbangun ubungan karo komunitas komunitas TikTok. Kita nyedhiyakake kontrol ing tingkat akun lan ing tingkat video sing ndadekake sampeyan bisa milih carane wong-wong interaksi karo postingan sampeyan.

Tingkat akun: Sampeyan bisa milih saka pilihan ing kasebut iki babagan sapa sing bisa komentar ing postingan sampeyan: kabeh wong, ora ana, utawa fan sing sampeyan ganti tutake. Yen umur sampeyan durung 16 taun, kanthi gawan, mung fan sing sampegan ganti tutake sing bisa komentar ing postingan sampeyan.

Tingkat video: Sampeyan bisa ngaktifake utawa nonaktifake setelan komentar. Sampeyan uga bisa milih arep ngidinake komentar ing video sing sampeyan gawe sadurunge mosting, mbusak lan ndhelikake komentar sing ora dikepingini, uga nyaring lan ndhelikake komentar sing ngandhut tembung tartamtu.

Pesen Langsung

Olahpesen langsung mbantu sampeyan nyambung karo kanca lan komunitas sampeyan ing TikTok. Olahpesen tegese sampeyan bisa ngirim lan nampa pesen, lan video TikTok, langsung ing TikTok. Sampeyan bisa milih ngatur setingan privasi sampeyan kanggo nemtokake sapa sing bisa ngirimi sampeyan pesen langsung.

Pesen Langsung mung sumadhiya kanggo wong sing umure paling sithik 16 taun. Wong tuwa uga bisa nindakake kontrol marang pesen langsung kanggo akun nom-noman sing ditautake liwat fitur Nggathukake Kulawarga. Sampeyan bisa mangerteni liyane babagan Nggathukake Kulawarga ing kene.